Sabun lan Tangga

Durung suwe iki, aku iseng-iseng sinau gawe sabun. Nyenengake tenan. Aku iso nggunaake bahan-bahan sing ono ning cedakku: pandan, lidah buaya, kates, susu, lan liya-liyane.

Aku banjur duwe sabun pirang-pirang. Sakwijining dina, ono tanggaku dolan ning omahku, jenenge Mbak N. Deweke weruh sabun pirang-pirang sing tak tata ning ruang tengah. “Kuwi opo?” pitakone. Aku nuli crita yen aku lagi eksperimen gawe sabun. Deweke gumun lan takon piye critane kok aku iso gawe sabun, saka opo bahanne, lan sak teruse. Aku crita opo anane. Pas deweke bali, aku nyangoni sabun. “Ayo dijajal, sapa ngerti cocok.”

Ora let suwe, tanggaku crita yen deweke cocok gawe sabunku. Aku melu seneng amarga sabun gaweanku cocok kanggo deweke. Mbak N usul, “Mbok jajal ditawakne pas arisan.” Sakjane aku ki isinan. Nanging apa salahe dicoba? Idep-idep latihan dodolan lan promosi. Sapa ngerti payu siji-loro.

Pas dina arisan, aku teka karo nggawa sabun. Aku tawa ning ibu-ibu sing rawuh. Ndilalah pas dina kuwi Mbak N lagi ana keperluan dadi ora isa teka arisan. Nanging ana Bu M sing dadi “lurah”. Lurah-lurahan maksude, ya. Ora ana sing wani nyanggah Bu M kuwi. Kabeh kudu nurut, yen ora nurut isa dijothak saklawase urip. Pas aku nawakne sabunku, jawabe Bu M kaya ngene, “Aku ora tuku wong aku ora sabunan.” Aku mak plenggong… Apa iya to ana wong sing ora sabunan babar blas? Nanging aku banjur kelingan biyen Bu M kuwi tau mbuwak panganan sing tak kei amarga deweke wedi aku nyampuri bahan sing ora halal ning panganan kuwi. Uga deweke wedi aku nganggo peralatan sing ora halal. O… paham aku saiki, deweke mesti khawatir sabun gaweanku ora halal.

Let pirang dina, Mbak N kanda karo aku. “Bu M ra gelem tuku sabunmu, to? Deweke crita karo aku. Deweke wedi yen kowe gawe sabun ora halal soale kowe nonmuslim.”

Dadi wong sing agamane beda ki kadang sok serbasalah. Ning yo ora papa. Saya suwe aku wis biasa ngadepi kaya ngono kuwi. Untunge sing nolak aku mung Bu M.